Korupsi Marai Rugi | Teks Drama Monolog

Dalam bahasa Jawa, drama disebut sandiwara. Kata sandi artinya rahasia, wara menjadi warah berarti ajaran. Sandiwara berarti drama yang memuat ajaran tersamar tentang hidup. Drama terbagi menjadi 2 yaitu drama modern dan tradisional.


Namun kali ini aku ingin membagikan teks drama modern monolog dalam bahasa jawa yaa... Terima Kasih



Korupsi Marai Rugi
Karya : Lusi Karina

https://pin.it/4vFN3vF



       Isuk-isuk ing dalan desa. Katrina mlaku-mlaku karo nggremeng dewe. Macani pawarta sing ana ing hp ne.

"Berita og liane kopat-kopit, lek ra ngono korupsi, wes-wes pancene rusak ndoya iki" (karo nggeser-nggeser layar hp)

"Aku prihatin nyawangi mbah-mbah dipenjara amarga nyolong ora bisa mangan."

"Nanging pejabat-pejabat duwur, bisa mangan enak ngereki duwet rakyat, malah kena potongan penjara."

       Ujug-ujug hp ne Katrina muni, banjur diangkat karo mlaku. Karo guneman ing telepon, moro-moro Katrina kejeglong dalan, hp ne ceblok langsung mati.

"Tilulit... tilulit.. tilulit.." (Swara hpne Katrina)
"Sopo iki?" (Nyawang jeneng sing telepon ing layar hp)
"Wei pak Dul, wes sui ora sambang-sinambang. Piye kabare?, jarene wes tuku omah anyar." (Ndeleh hp ing kupinge Katrina)

"Jduak, adohh larane sikil ku..." (Ceblok, langsung ngelus sikil sg lara)

"Woalah!, yo ngeneki akibate korupsi. Mbarai celakane uwong. Wes hpku mati pletes, sikilku kelaran pisan" (Nggrutu, karo ngadek lan ngresiki klambi)

       Karo mlaku kelaran, Katrina banjur minggir ing pos kampling. Lan mijeti sikile sing lara.

"Sing jarene diwei dana pemerintah patang miliyar, ora ono setaun dalan wes bolong-bolong ngene iki. (Panggah nggremeng karo mlaku)

"Ya gusti muga muga mbesok anak putu ku, jujur atine, apik tindake. Supaya bisa dadi deweke seng berguna kanggo bangsane." (Ngomong karo lungguh ing pos kampling, lan mijeti sikile)

       Sawise mijeti sikile sing lara, Katrina diewangi Bu Carik mulih menyang omahe. Lan diomongi, yen bakal ana perbaikan dalan meneh ing desa iki. Lan kepala desa sing lawas wis dicepot jabatane, amarga korupsi duwit pembangunan dalan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

DOKUMENTASI SMA KELAS 10 DI SMA NEGERI 2 KEDIRI

Resep Maklor Yummy

VLOOKUP dan HLOOKUP | Ms. Exel